File Format : Mp3 Audio
Lirik Lagu Layang Kangen Didi Kempot
Layangmu tak tompo wingi kuwi
Wes tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ora kroso netes eluh neng pipiku
Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iki ugo aku mesti enggal bali
Ning kepiye maneh mergo kahananku
Cah ayu entenono tekanku
Ora maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo arep turu angel merem
Ora maido sopo wong sing ora trenyuh
Ora kepethuk sak wetoro pengen weruh
Percoyo aku, kuatno atimu
Cah ayu, entenono tekaku
Umpomo tanganku dadi
suwiwi
Iki ugo aku mesti enggal bali
Ning kepiye maneh mergo
kahananku
Cah ayu entenono tekaku
Ora maido sopo wong sing
ora kangen
Adoh bojo arep turu angel
merem
Ora maido sopo wong sing
ora trenyuh
Ora kepethuk sak wetoro
pengen weruh
Percoyo aku, kuatno atimu
Cah ayu, entenono tekaku
Cah ayu, entenono tekaku
Download 1 | Download 2
File Format : Mp3 Audio
Lirik Lagu Perawan Kalimantan Didi Kempot
Pria:
Rino wengi tansah kelingan
Prawan ayu Kalimantan
Bantal guling tak sayang sayang
Nganti koyo wong kedanan
Wanita:
Cempedhak mas dudu nongko
Mbiyen cedhak ra wani kondho
Neng opo sliramu lungo
Ninggal mulih ra kondho kondho
Pria:
Saben dino aku ngalamun
Tekan omah atiku bingung
Jane tresno ra wani nembung
Rasane koyo wong linglung
Wanita:
Wangi wangi banyune sabun
Tak rewangi adus kungkum
Trenaku ra bakal alum
Tak enteni yen mase purun
Reff
Wanita:
Aduh pake make aduuh
Hatiku rindu kangen tenanan
Kangmasku pulang kangmasku mulih
Neng tanah sebrang
Aduh pake make aduuh
Hatiku rindu kangen tenanan
Kangmasku pulang kangmasku mulih
Neng tanah sebrang
Pria:
Beninge banyu kalimantan
Mbiyen sing tak ombe sayang
Ngelingake naliko mbiyen kenalan
Pria:
Rino wengi tansah kelingan
Prawan ayu kalimantan
Bantal guling tak sayang sayang
Nganti koyo wong kedanan
Wanita:
Cimpedak mas dudu nongko
Mbiyen cedhak rawani
kondho
Neng opo sliramu lungo
Ninggal mulih ra kondho kondho
Reff
Wanita:
Aduh pake make aduuh
Hatiku rindu kangen tenanan
Kangmasku pulang kangmasku mulih
Neng tanah sebrang
Aduh pake mak e aduuh
Hatiku rindu kangen tenanan
Kangmasku pulang kangmasku mulih
Neng tanah sebrang
Pria:
Beninge banyu kalimantan
Mbiyen sing tak ombe sayang
Ngelingake naliko mbiyen kenalan
Pria:
Saben dino aku ngalamun
Tekan omah atiku bingung
Jane tresno ra wani nembung
Rasane koyo wong linglung
Wanita:
Wangi wangi banyune sabun
Tak rewangi adus kungkum
Tresnoku ra bakal alum
Tak enteni yen mase purun
Tak enteni yen mase purun
Download 1 | Download 2
File Format : Mp3 Audio
Lirik Lagu Parangtritis Didi Kempot
Rasane kepengin nangis yen kelingan parangtritis
Rasane koyo diiris
Naliko udah gerimis rebo wengi malem kemis
Ra nyono ra ngiro janjimu jebul mung lamis
Parangtritis
Neng kono ono wong manis
Yen eling kowe reneo gelis
Parangtritis
Neng kono ono wong manis
Yen eling aku kepengin nangis
Ombak gede katon ngawe-awe
Nelongso neng ati rasane
Ombak gede sing dadi seksine
Isih kelingan tekan seprene
Download 1 | Download 2
File Format : Mp3 Audio
Lirik Lagu Cidro Didi Kempot
Wis sak mestine ati iki nelongso
Wong sing tak tresnani mblenjani janji
Opo ora eling naliko semono
Kebak kembang wangi jroning dhodo
Duh piye maneh iki pancen nasibku
Kudu nandang loro koyo mengkene
Remuk ati iki yen eling janjine
Ora ngiro jebul lamis wae
Gek opo salah awakku iki
Kowe nganti tego mblenjani janji
Opo mergo kahanan uripku iki
Mlarat bondho seje karo uripmu
Aku nelongso
mergo kebacut tresno
Ora ngiro
Saiki ne cidro
reff :
kembali ke atas…
Aku nelongso
mergo kebacut tresno
Ora ngiro saiki ne cidro
Ora ngiro saiki kowe cidro
Download 1 | Download 2
File Format : Mp3 Audio
Lirik Lagu Ketaman Asmoro Didi Kempot
Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora biso turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku
Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Nyesake atiku sansoyo nelongso
Wis tak lali-lali
Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu
Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ke taman asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati
Download 1 | Download 2
File Format : Mp3 Audio
Lirik Lagu Stasiun Balapan Didi Kempot
Ning stasiun balapan
Kuto solo sing dadi kenangan
Kowe karo aku
Naliko ngeterke lungamu
Ning stasiun balapan
Rasane koyo wong kelangan
Kowe ninggal aku
Ra kroso netes eluh ning pipiku
Da a... Dada sayang
Da... Slamat jalan
Reff:
Janji lungo mung sedelo
Jare sewulan ra ono
Pamitmu naliko semono
Ning stasiun balapan solo
Jare lungo mung sedelo
Malah tanpo kirim warto
Lali opo pancen nglali
Yen eling mbok enggal bali
Download 1 | Download 2